Another Mat Pithi!


Mat Pithi ancene ngawur. Wis ngerti tah nek SIM sing duweni iku mik SIM Becak, eee ndadak ngawur nyelang motore Dul Kimpong, gae ngojek. Wong Dul Kimponge lagi umyek melok latihan perang-perangan, bagian pencarian dana. (Untung ae dheke nggak melok numpak mobil sing meledak wingenane).

Sedina rong dina, Mat Pithi seneng. Lha yok opo le gak seneng, wong akeh akale. Ngojek milih jam budhal kantoran ambek aplosan pelayan toko. Lho apane gak kesenengen saben-saben entuk penumpang ayu-ayu tur semerbak kebak parfum. Durung olehe kurang ajaran, sering ngerem. Alesanne..."Ah dalan kok akeh lobange ngene se... ". Padune mik kepengin kegencet dari belakang iku opo.

Tapi sial, esuk iku Mat Pithi mblusuk nang dalan satu arah katik saka arah sebaliknya.. Padhahal Sabara Wiyono wis ndhepipis api-api ngeyup nang ngisor Johar pinggir embong. Weruh Mat Pithi mblusuk, terus ae sempritan diemplok, nuli disembul mak Priiiiiiiit... Mat Pithi kaget, "Wah matek aku.... disemprit sulipi rek..." Tapekna, dhasar jujur, tenang-tenang ae Mat Pithi belok mak kluweeerr.. mbalik marani sing nyemprit.

Wis cidhek, motor dijagrak, gak dipateni mesine, buru-buru Mat Pithi mudhun, marani Sabara Wiyono. Ndelok sedilut klambine Wiyono, terus ae Mat Pithi ngguyu ngakak barek ngulungna tangan ngajak salaman.

Mat Pithi: "Lho pena tah, Cak Wi? layak nyemprit aku.. Wah ketok gagah ngono lho, dadi polisi tah?"

Wiyono: "Mana SIM ambek STNK-ne?"

Mat Pithi: "Lho, pangling tah Cak Sampeyan ambek kanca sak bangku jaman SD biyen..? Ojok ngono lah.... wong nyemprit diparani kathik pangling?"

Wiyono dadi bingung, terus nampani tangane Mat Pithi, malah melok ngguyu-ngguyu pas Mat Pithi nggablog gegere, jare Mat Pithi:

"Wis yo Cak... suwun Pena jik eling ambek Aku.. sorry cepet-cepetan iki aku mburu nyeluk dokter kanggo mbah wedok sing lagi kumat pikune..... salam ae gae ojob sampeyan."

Saking bingunge, Sabara Wiyono malah menyampaikan lambaian perpisahan.... Mat Pithi nerusna ngebut bablas liwat jalan satu arah, dari arah sebaliknya.... preeng.. preeennnnng.... (yo ngene iki gayane arek Suroboyo iku... penting penampilan meyakinkan.... polisi mik kenal gara-gara maca "jeneng nggok kesake, langsung diajak salaman tambah di-gablog gegere barang... ngono-ngono polisine nganti lali nek lagi nilang". Hopo tumaaaaannn?)

Hehehehe... padahal guyonan di atas kalau dipikir-pikir ndeso. Tapi yo ben, bukankah arek Suroboyo itu warga dari "the big city with kampung mentality"? HIDUP NDESO!

1 comments:

teano said...

hahahahahaha...duh sakit peyut saya...hehehehehe...

-ria-