WC-ne Mat Pithi

Sebenarnya sih ini lelucon lama. Tapi waktu saya baca lagi, karena dikemas dengan bahasa Suroboyo-an, saya jadi ngakak-ngakak dan ngikik-ngikik sendiri.

Mat Pithi lagek pisan-pisan iki numpak montor mabur katene budal nang New York oleh undangan saka kancane. Antara stress amergo bingung durung tau numpak montor mabur
ketambahan stress mikiri bahasa inggrise sing gak patek gablek sidane wenenge munek-munek... mules wis.

Pas transit rodok suwe nang Changi, Mat Pithi mlayu nang WC. Ndilalah nepaki WC-ne rodok sepi.

Durung ae sak menit Mat Pithi olehe lungguh, wis onok suoro saka WC sebelah sing dempet-dempetan: "Piye dik? Apik-apik ae tah?"

Mat Pithi rodok nggumun, bathine: "Lho wong iki koq weruh nek aku saka Indonesia yo?"

Sidane Mat Pithi njawab ambek setengah gelagapan: "Eh... apik... apik"

Gak let suwe, wong sebelah ngomong maneh: "Wis krasa lega durung?"

"Lumayan" jarene Mat Pithi ambek garuk-garuk dengkule.

"Wah podo.. cuma aku saiki onok masalah titik..."

"Masalah opo yo pak?" jawab Mat Pithi.

"Iki lho.. onok wong gendeng ndik sebelah WC-ku sing melok-melok njawab omonganku.. yok opo nek engkok diluk engkas peno tak telpon maneh?"

Sumpah, kalau bisa Suroboyo-an rasanya lebih lucu!

0 comments: